Kembangapi

Rabu, 21 Juli 2010

CERITA RAKYAT SAKA DEMAK KOTA WALI

Raden Syahid ketemu Sunan Bonang
Nalika jalani hukumane, raden Syahid nglangkahake sikile nyusuri dalan disambi ngalamu. Raden Syahid ora ngerti arep menyang ngendi. Dewe’e mlaku karo nyanyi – nyanyi kidung pelipur lara. Langkah kanthi langkah dak lakoni kanthi ora krasa panas matahari uwes ning tengah – tengah kanthi nyerap pori – pori kulit saengga kringete tumetes. Rasa ngelak lan luwih uwes ngganggu padarane. Tepat matahari ing dhuwur sirah, Raden Syahid tekan ing pinggir alas. Raden Syahid nyoba golek panganan saka woh – wohan ing jero alas. Usahane ora sia – sia, Raden Syahid weruh woh blimbing sing gedhe – gedhe lan wis mateng. Kanthi cepet Raden Syahid menek uwit blimbing kang angel lan lunyu kasebut, ananging bisa entuk blimbinge. Amarga rasa luwing kang banget ngelilit padarane, woh blimbing kasebut langsung dienteke.
Sakbanjure padarane krasa wareg, pikirane wes mulai digawe mikir meneh apa sing arep dilakukake. Sansaya suwe pikirane digawe mikir sansaya bingung sing arep dilakuake apa ? sak nalika Raden Syahid kaya professor kang lagi kebingungan goleki kaca tingale, padahal kaca tingale wis dienggo awet mau.
Dina sansaya peteng, sang surya uwis mulai angslup ing peraduane. Raden Syahid berusaha nggolek panggonan kang cocok gawe tilem. Dipilihe setunggal wit gedhe kang dinilai luwih aman kanggo ngindari saka binatang buas. Ing wanci tengah wengi, Raden Syahid tangi, amarga krungu swara burung hantu kang nyeremake.


Saknalika tangi saka tileme Raden Syahid mulai merenung lan mikir “ apa aku kudu berserah diri ? ”.” Apa apike aku mohon karo gusti Allah ingkang Maha Esa.
Supaya diparingi petunjuk lan diparingi ketenangan jiwa ? ”. Raden Syahid saknalika nglakoni sholat wengi lan berdoa. Raden Syahid mohon ampun kanthi doso – dosone kang selama iki dilakoni, Raden Syahid nerusake kanthi dzikir lan keturon.
Fajar wis kathon sumunar, dirasa – rasake padarane wis mulai ngetokake swara lan Raden Syahid tangi saka turune. Dewe’e berusaha nggolek panganan maneh, dewe’e weruh wit blimbing lan menek wit mau, saknalika tangane iso gopek blimbing kang gedhe, Raden Syahid kepleset lan tiba ing lemah untunge lemahe namung ngandung humus, saengga ora dadekake tatu parah. Kanthi ngrasakake rasa nyeri, Raden Syahid maem blimbing mau.
Sakwise padarane kisi lan wareg, raden syahid mulai ngrenung, saknalika muncul wong asing kang lewat ing ngarepe, sontak Raden Syahid kang gadhah julukan perampok “Lokajaya“, langsung ngadang, dewe’e jaluk supaya tiyang asing kasebut nyerahake harta kang digawa, ananging wong asing justru ngomong : “ aku ora gawa harta benda, tapi yen kisanak gelem, jupuk emas iki ( wong asing mau ngangkat tongkat lan nunjuk woh kolang kaling ing sekitare, saknalika woh kolang kaling mau maleh dadi emas kang berkilauan mancarake cahaya ). Kedadean kang menakjubkan mau ora liya amargi keramat saka wong asing mau.
Raden Syahid kaged lan domblong, ing jero ati dewe’e ngomong “ wong mau ora wong biasa, wong kasebut mesti duweni ilmu kang duwur “. Saknalika Raden Syahid mikir, seandene dewe’e jupuk emas kasebut lan di bagek – bagekake ing rakyat miskin, temtune entek lan dewe’e mesti ngrampok meneh.
Sak banjure Raden Syahid ngurungake niate kanggo jupuk emas mau lan sujud ing ngarepe wong asing kasebut. Kanthi ngomong “ kula nyuwun ampun, kula khilaf sampun menghambat perjalanan kisanak, sudilah kisanak ngangkat kula dados murid “.
Wong asing mau jawab “ aku gelem ngangkat kowe dadi murid, ananging kowe kudu jaluk ngapuro karo ibumu “ kanthi tergesa – gesa dewe’e mlayu kanggo nemoni ibune jarak alas karo omahe ora patek adoh, saktekane ing ngomah Raden Syahid mencium telapak sikil ibune lan nyuwun pangapura.
Ibune ngrasa kaget lan takon “ ana apa le, ketoke kok ana sing maleh ?”. (untunge bapake ora ana ing ngomah, bayangke yen bapake ning omah lan ngerti anake balek, mesti ngamuk ). Raden Syahid jawab “ Kula sampun kepanggih kaliyan tiyang ingkang ngagem jubah putih kaliyan berilmu inggil, beliau purun nerima kula dados muridipun, ananging kula kedah nyuwun ngapura lan dongo restu saking ibu “.
Krungu ciri – ciri wong kasebut, ibune ngendikan “ anakku, wong kang mbok temoni mau ora liya yaiku Sunan Bonang, wong kang duwe ilmu duwur, arif lan bijaksana. Sinauo ilmu saka Sunan Bonang muga – muga kowe dadi anak kang bermanfaat kanggo sesama lan ojo lali taati perintah gurumu “.
Saknalika Raden Syahid ngadek lan mlayu ngoyak Sunan Bonang kanthi harapan iso nyusul. Kecepatan langkah sikile kasil. Sunan Bonang ketok sepuluh langkah ing ngarepe ananging Raden Syahid kaget nalika Sunan Bonang ketok sansaya adoh satus langkah ing ngarepe, Raden Syahid nambah kecepatan mlayune ananging Sunan Bonang ketok sansaya adoh sewu langkah ing ngarepe, keadaan kuwi berulang – ulang kadang Sunan Bonang ketok cedak kadang sansaya adoh. Saengga akhire raden Syahid kesandung lan semaput.
Ing keadaan semaput, Sunan Bonang ngampiri lan maringi setetes banyu ing wajahe. Raden Syahid tangi saka semapute, lan nyekel kenceng tangane Sunan Bonang amarga wedi yen ditinggalake maneh.
Raden Syahid ngomong “ kula ngaturi sembah sujud kagem jenengan, sungguh kula goblok bodo menawi mboten mangertosi jenengan inggih menika Sunan Bonang, seorang waliyullah ingkang termasyhur lan dikenal tiyang ingkang arif lan bijaksana “.
Sunan Bonang ngomong “ saiki kowe wes kenal aku, sabener aku ngerti yen kowe ngrampok kanggo mbiyantu rakyat miskin “.
Raden Syahid ngomong “ Tuntunlah kula lan ajari kula ilmu iman hidayah “.
Sunan Bonang mangsuli “goleko panggonan kang apik kanggo nandur wiji wit gurdha lan tunggonono kanthi wiji mau woh (berbuah)”. (Sunan Bonang ngulurake astane lan maringi wiji wit gurdha)

Sunan Kalijaga diangkat dadi penasehat ing kerajaan Demak
Ilmu iman hidayat wis diperoleh sunan kalijaga, karek ngamalake wae. Sakbanjure sunan kalijaga nglangkahake sikile pinuju kadipaten Tuban, kabeh wektu lan ilmune diginakake kanggo dakwah nyebarake agama islam ing cirebon. Saben dina Sunan Kalijaga nerima murid anyar. Kanthi kesungguhan lan keikhlasane nyebarake islam, akeh bebrayan kang tertarik mlebu agama islam tanpa paksaan.
Sansaya suwe jenenge sansaya terkenal, nganthi tekan ing kasultanan Bintoro Demak. Sultan Fattah pengin ngundang Sunan Kalijaga ing kerajaan Bintoro Demak. Sultan Fattah ngomong karo penasehate lan ulama – ulama sarta pujangga kerajaan kanggo nguji kemampuan lan keteladanane Sunan Kalijaga. Ujian mau dimaksud kanggo luwih gampang maringi kedudukan Sunan Kalijaga ing kadipaten Demak kang sesuai karo kemampuan lan ilmu kang diduweni.
Ujian wis rampung kalaksanan, kasunyatane penguji paring pambiji kanthi istimewa marang Sunan Kalijaga. Kabeh ngakoni ilmu Sunan Kalijaga kang angel diukur duwure, lan luas pengalamane seluas samudera kang ora ana pucuke. Ujian kang terakhir, Sunan Kalijaga diwenehi tugas kudu bisa ngalahake lan brantas perampok kang ana ing daerah Wonosalam. Perampok – perampok mau dipimpin karo wong kembar kakang lan adhine kang ora gampang dipateni karo senjata jenis apa wae. Saben salah sijine mati, kang isih urip nglangkahi mayet mau saengga sing mati iso urip maneh, perampok mau angel dipateni amarga duweni kesaktian kang duwur.
Perang tandhing Sunan Kalijaga karo perampok mau kalangsung kanthi seru. Perampok nyerang nganggo keris kang diarahake ing padarane Sunan Kalijaga. Sunan Kalijagapun ngindar lan malah keris mau ngenani salah sijine perampok mau. Saknalika adhik perampok mati, kakange nyoba nglangkahi mayet adhike, ananging sia –sia si adhik tetep mati lan ora iso urip maneh. Kakange ngrasa bersalah lan nangisi kematiane adhine.
Berkat kapinterane Sunan Kalijaga paring nasehat, kamangka sadarlah ketua perampok mau lan berkat usul Sunan Kalijaga, perampok mau diangkat dadi patih kerajaan ing Wonosalam. Sak bare kadadean mau Sunan Kalijaga diangkat dadi pujangga lan penasehat kerajaan Demak. Pengangkatan Sunan Kalijaga dadi pujangga lan ngrangkep penasehat kerajaan dadeake Sunan Kalijaga sansaya terkenal kemasyhurane. Menggema kanthi tekan jero kadipaten Tuban, panggonan wong tuane kang wis ngusir Sunan Kalijaga.
Ing kadipaten Tuban, wong – wong rame nggomongake Sunan Kalijaga ngengingi kabar kang berilmu duwur. Ananging anehe, ora ana siji – sijio kang ngerti yen Sunan Kalijaga sakbenere yaiku Raden Syahid bocah kang biyen diusir karo bapake amarga gaweane ngrampok.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar