Kembangapi

Rabu, 21 Juli 2010

PIWULANGAN PEMBELAJARAN KOOPERATIF

PIWULANGAN PEMBELAJARAN KOOPERATIF
KELAS X SMA


A. Piwulangan pembelajaran kooperatif inggih punika satunggaling model pamulanganing pundi siswa sinau wonten ing kelompok alit ingkang nggadahi tingkat kesagedan ingkang benten. Aktifitas sinau kapunjer saking siswa ing awujud diskusi, ngayahaken tugas sesarengan, padha mbiyantu lan padha maringi dhukungan ing salebeting mungkasi perkawis lan mestikaken sedaya siswa saged nguwaosi materi ingkang relatif sami/sejajar.

B. Wulangan kooperatif kathah dipun ginakaken amargi wulangan kooperatif punika saged nuwuhaken kaprigelan siswa, lan nuwuhaken mupangat mental ingkang langkung inggil mresep ing salebeting individu kalawau. Kaprigelan ing wulangan kooperatif ginanipun kangge nglancaraken gegayutan makarya lan tugas, peranan makarya punika saged dipun bangun kangge ngrembakakaen komunikasi antawis anggota kelompok, lan peranan tugas dipun tindakaken kanthi marang tugas antawis anggota kelompok ing salebeting kagiyatan.

C. Kekirangan lan kalangkungan wulangan kooperatif
Kelangkungan wulangan kooperatif
a) saged ngrembakaken kagayutan kasil sinau akademik
b) efektif kangge ngrembakaken kaprigelan sosial siswa
c) ungul salebeting mbiyantu siswa mangertasi konsep-konsep awed
d) nginggilaken pambijian siswa tumrap sinau akademik lan pangowahan norma ingkang gegayutan kaliyan kasil sianu
e) nandur makarya sesarengan antawis siswa, sae kelompok nginggil utawi kelompok ngandap ing salebeting tutor sebaya
f) nginggilaken kaprigelan makarya sesarengan lan kolaborasi




Kekiranganipun
Wonten kekiranganipun MPK, inggih menika :
a) Kerja sesarengan kanthi asring namung ndherekaken siswa ingkang saged, amargi piyambakipun cekap mimpin lan ngarahaken tumrap piyambakipun ingkang dereng saged.
b) Strategi menika limrahipun nuntut paugeran lelengahan ingkang benten – benten lan gaya piwulangan ingkang benten ugi.
c) Kasuksesan strategi kelompok menika tergantung kaliyan kasagedan siswa wonten ing mimpin kelompok utawi kerja piyambak.

Model-model lan tuladha piwulangan kooperatif kelas X SMA
a) Student Teams Achivement Division (STAD)
Ing salebetining STAD punika siswa dipun kelompokaken dados pinten-pinten kelompok kanthi anggota 4 - 5 siswa saben kelompok. Djiwa ngajikaken pasinaon lan lajeng siswa pakaryan ing tim kangge mastikaken yen anggota sedaya tim sampun nguwaosi pasinaon. Pungkasipun siswa dipun sukani kuis ngengingi materi lan boten pareng sami mbiyantu skor siswa dipun bandingake kaliyan rata-rata skor ingkang kepengker, tim ingkang nggayuh kriteria tinemtu saged dipun paring penghargaan.. Tuladhanipun
• Kompetensi Dhasar : Maos lan nyerat Aksara Jawi ( wacana berhuruf jawa)
• Kagiyatan Pokok :
o Djiwa merang siswa dados pinten-pinten kelompok
o Ing salebeting kelompok isinipun siswa benten-benten kamumpunan ing salebeting nyinau aksara jawi
o Siswa sami sinau sesarengan lan sami paring pituduh anggeni sinau aksara jawi
o Sesampunipu sinau, djiwa ngawontenaken kuis/tes.
o Ing salebeting tes, siswa mboten pareng mbiyantu kaliyan kelompok sanes
o salajengipun dwija maringi penghargaan kangge kelompok ingkang paring rumiyin ngempalaken wangsulan sakung dwija

b) Teams Games Tournament (TGT)
TGT inggih punika jinising pasinaon kangge siswa lan siswa nindakaken dolanan kaliyan anggota tim sanes kangge pikantuk tambahan poin skor saben tim. Dolanan punika dipun susun saking pitakenan. Ingkang relevan kanthi pasinaon ingkang dipun rancang kangge ngetes seserepan ingkang dipun pikantuk saking pangandharan pasinaon. Dolanan punika arupin pitakenan ingkang dipun sebat serat ung kartu ingkang dipun paringi angka, saben siswa mundut setunggal kartu ingkang dipun paring angka lan ngusahaken mangsuli pitakenan ingkang jumbuh kaliyan angka kalawau, skor kelompok saged maksimal menawi siswa ngupaya ngantos maksimal ugi. Tuladha
• Kompetensi Dhasar : Maos lan nyerat Aksara Jawi
• Kagiyatan Pokok :
o Djiwa merang siswa dados pinten-pinten kelompok saben kel 4 siswa
o Dwija maringi dolanan arupi teka-teki silang awujud gambar woh-wohan lan salebeting gambar punika wonten aksara jawa ingkang dipun acak
o Siswa dipun suwun madosi tembung ing salebeting teka-teki punika saged vertikal utawi horisontal
o Ingkang paling cepet ngempalaken, kathah ingkang leres, lan angsal tembung kathah,, kelompok punika pikanthuk skor ingkang paling inggil

c) Jigsaw
Ing jigsaw dipun perang ing kelompok - kelompok engkang anggotanipun 5 – 6 tiyang. Materi pasinaon dipun paringaken tumprap siswa ing awujud teks ingkang sampun dipun perang dados pinten – pinten sub bab. Anggota saking kelompok ingkang nyinaoni sub-sub bab siswa sesampunipun siswa wangsul tumprap kelompok asal piyambak lan gantosan mucal kanca satunggal klompok ngengingi sub bab kelompok lan kedhah dipun mangertosi kanthi temenan. Sesampunipun pungkas pamanggihan lan diskusi kelompok siswa dipun sukani kuis kanthi cara individu ngengingimateri sinau, lan sinten ingkang mangsuli sae punika ingkang angsal penghargaan saking dwija. Tuladha :
• Kompetensi Dasar : Mbahas lan Utawi ndiskusikaken isinipun Cerkak
o Dwija merang kelas dados pinten – pinten kelompok, saben kelompok 5 – 6 kelompok
o Dwija maringi cariyos cerkak ing saben kelompok
o Dwija nyukani saben kelompok supados madosi unsur – unsur intrinsik ing isinipun cerkak
o Menawi wonten kelompok ingkang boten saged mangsuli salah satunggaling unsur intrinsik ing cerkak, kelompok kalawau perwakilan setunggal siswa kemawon taken kaliyan kelompok sanes ingkang ahli lan cerkakipun sami
o Sasmpunipun angsal wangsulan, siswa kala wau wangsul ing kelompok asal lan ngandharaken babagan ingkang sampun angsal wangsulan saking kelompok ahli ngantos anggota kelompokipun mangertosi kanthi temenan
o Saklajengipun dwija maringi kuis ing saben individu ngengingi unsur instrinsik ingkang sampun dipun garap kala wau
o Skor individu dipun etang lan saged diparingi penghargaan kangge kelompok ingkang saged mangsuli kuis kanthi sae.

d) Think Pair Share (TPS)
Inngih punika pasinaon kooperatif ingkang dipun rancang kangge mangaribawa pola interaksi siswa. Struktur punika maringi siswa pakaryan sami pados padha mbiyantu ing kelompok (2 – 6 tiyang)
Tuladha :
Kompetensi Dasar : Mirengaken cariyos wayang ingkang dipun andharaken lumantar rekaman
Kagiyatan :
1. Thingking (berpikir)
o Dwija merang siswa dadar pinten – pinten kelompok (2 – 6 tiyang)
o Dwija nyetelaken kaset rekaman ingkang isinipun cariyos wayang
o Dwija maringi pitakenan ing saben kelompok ingkang gegayutan kaliyan cariyos wayang ing rekaman
o Siswa ing saben kelompok dipun suwun mawasaken wangsulan saking pitakenan ingkang dipun paringaken ing saben kelompok ingkang gegayutan kaliyan materinipun
2. Pair (Pasangan)
o Dwija nyuwun saben kelompok pasangan kaliyan kelompok sanes
o Kelompok ingkang dipun pasangaken kala wau kaliyan kelompok sanes, dipun suwun ndiskusikaken wangsulan saking pitakenan dwija.
o Kelompok ingkang dipun pasangaken sami mbiyantu ide, lan dwija maringi wekdal 4 – 5 menit kangge ndiskusikaken wangsulanipun
3. Sharing (Berbagi)
o Ing saben pasangan mresentasikaken ing ngajeng kelas sasampunipun pikantuk wangsulan saking pitakenan ingkang sampun dipundiskusiaken ing saben pasangan
o Sasampunipun presentasi gantosan kaliyan pasangan sanes
o Sasampunipun presentasi, pasangan kala wau kedah nglaporaken kasil saking presentasinipun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar