Kembangapi

Rabu, 21 Juli 2010

NARASI AN PACHELATON

PURWAKA

A. Pawadan pamilihan prakawis ( alasan )
Karya fiksi biasanipun dikembangaken ing 2 wujud penuturan narasi lan pacelathon. 2 wujud kasebut saling terikat saengga cerita ingkang dipun tampilaken mboten gadahi sifat monoton, kanthi variatif lan segar. Novel ingkang namung nuturaken dening cara narasi kemawon utawi pacelathon ingkang sekedik, gadahi sifat monoton lan bosenaken napa malih stileipun kirang menarik pembaca saget cepet bosen. Wonten ing penyampaian informasi kaliyan pembaca, cara narasi lan pacelathon saged dipun ginakaken kanthi saling melengkapi. Informasi tertemtu saged luwih tepat dipun ungkapaken kanthi gaya narasi. Pramilo informasi tertemtu ingkang sanes luwih nengsemaken lan ngeyakinaken kanthi gaya percakapan utawi pacelathon.
Pengungkapan basa ing gaya narasi menika ingkang kula maksud inggih punika sedaya penuturan ingkang mboten awujud pacelathon ananging saged nyampekaken informasi kanthi singkat lan langsung artinipun, pengarang mengisahaken cerita kanthi langsung, ungkapan ingkang gadahi sifat menceritakan ananging mboten sedaya prastawa ingkang mboten ngundang percakapan saengga mbetahaken informasi lewat wujud narasi.
Ing ungkapan basa wujud percakapan seolah – olah pengarang gampilaken pembaca kangge mersani lan midhangetaken piyambak percakapan tokoh, percakapan antar tokoh kanthi jelas punapa ingkang nembe dipun omongaken gaya pacelathon saged paring kesan realistis, paring penekanan ing cerita utawi kedadean ingkang dipun ciptakaken lan dipunpahami ing konteks situasi ingkang dipunciptakaken lan dipun kisahaken lewat gaya narasi.


Penuturan wujud pacelathon mboten mungkin hadir piyambak tanpa tanpa dipunsertai wujud narasi kamangka wujud narasi saged hadir tanpa pacelathon, ananging kuraos dipun paksa, misalipun ing cerita ing cerita ingkang relative pendek, nyangkut masalah kapan, ingpundi, masalah punapa, ing situasi kados pundi, lan sakpiturute.
B. Rancangan Momotan
1. Sebataken pangertosan – pangertosan narasi ?
2. Sebataken jenis – jenis karangan narasi ?

ISI

1. Pangertosan narasi miturut para ahli :
a. Miturut atarsemi lan keraf
 Narasi arupa wujud pacelathon utawi tulisan ingkang gadahi ancas nyampekaken lan nyeritakaken urutan prastawa – prastawa utawi pengalaman manungsa adidasar perkembangan saking waktu ke wktu (Semi, 2003:9).
 Narasi inggih menika wujud wacan ingkang gambaraken kanthi jelas kaliyan pembaca ing prastawa – prastawa ingkang sampun kadadean (Keraf, 2000:136).
b. Miturut Zaenal Arifin lan Amran Tasai
 Narasi inggih menika karangan ingkang dipun hubung – hubungaken kaliyan cerita, ing sebab punika karangan narasi ytawi paragraf, narasipun saged kita temukan ing novel, cerpen, utawi hikayat.
 Narasi biasanipun karangan ingkang ngisahaken utawi maparaken kedadean utawi prastawa – prastawa kenyataan utawi prastawa – prastawa rekaan.
Saking pendapat – pendapat ing ninggil, saged dipun mangertosi pinten – pinten hal ingkang wonten kaitanipun kalian narasi, hal ingkang meliputi :
1. Awujud cerita utawi kisahan
2. Namung nonjolaken pelaku
3. Miturut perkembangan jaman
4. Disusun kanthi sistematis
2. Jenisipun wacana narasi ana warna loro
a. Narasi ekspositoris inggih punika wacana kang mung menehi katrangan lugu / apa ananipun, informasi ingkang tepat ing prastawa – prastawa kanthi ancas paring pengetahuan tiyang, ing narasi ekspositorik penulis nyeritakaken prastawa – prastawa kanthi data ingkang sakleres – leresipun. Pelaku ingkang dipuntonjolaken biasanipun satunggal tiyang umpaminipun siswa nyeritakaken kedadean ana ing njero kelas nalika piwulangan basa jawa . karangan narasi diwarnai kaliyan eksposisi, ketentuan eksposisi berlaku ing penulisan narasi ekspositprik. Ingkang logis, miturut fakta, mboten ngagem unsur sugesti utawi gadhai sifat obyektif.
Tuladha :
Jam enem darmi budal menyang pasar arep kulakan, ing ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithutuke sirahe Darmi. Darmi tiba klenger dipindhoni dithutuk watu meneh ngerti yen Darmi mati Darmo mlayu ngiprit.
b. Narasi Sugestif inggih punika wacana kang ngracik kanthi runtut kanthi bisa nggugah pangangen – angene wong kang maca lan berusaha paring maksud tertemtu, nyampekaken amanat terselubung kaliyan wong kang maca utawi pendenger saengga tampak kanthi nyata, umpaminipun dongeng (Ajisaka), cerkak, novel, roman.
Tuladhanipun :
Cerkak, judul pak guru.
Parjó lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak karo ngalamún. Sêpédha mótór kridhitané diparkir ånå ngarêpé.
Hèlêm loro ånå jênêngé anaké, Nardi lan Sunarmi dicènthèlaké kiwa têngên sêtang. Kåncå-kancané lagi wédangan ånå warúng mburiné dhèwèké. Ora lêt suwé Nardi nyêdhaki Parjó.
"Sês, Pak Guru!?" Nardi nawani rókók.
"Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!" sêmauré Parjó karo ngrógóh kanthóngan ngêtókaké rókóké.
Nardi durúng sêmpat lunggúh ånå swårå rådå bantêr. Suarané Bu Wagiyêm, bakúl bumbón tanggané Nardi.
"Ayo Dhík Nardi, gèk ndang ditêrké. Wís kawanan jé...! Mau tanginé kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni."
Tanpå ngucap Nardi têrús nyandhak karungé Bu Wagiyêm. Disèlèhké ndhuwúr tèngki, têrús bablas. Ninggalké pêlúk síng kêmêndhêng. Parjó dhèwèkan manèh....ngalamún.
Parjó kèlingan ucapané Nardi rikålå nawani rókók. Sêbutan síng diucapké kåncå-kåncå pêngojèk liyané. Pak Guru Parjó, lêngkapé bapak dóktórandús Parjó. Parjó nèk ésúk pancèn guru ånå SMP íng désané. Lan nyandhang gêlar sarjana. Sarjana PMP. Síng sabêndina nêrangké babagan pêmêrintahan marang muríd-muríd íng sêkolahé, nêrangké babagan pêmêríntahan démokrasi kang njunjúng kêadilan, pêmêríntahan síng adhêdhasar manút amanat pêndêritaan rakyat, pêmêríntahan síng dilandhêsi ukúm kanggo kabèh kawulané ora mandhang pangkat lan drajad kabèh kênå ukúm síng pådhå, Nêgårå kang nganút dhémokrasi. Anti KKN lan liyå liyané. Sêbutan Pak Guru rikålå nyambi ngojèk janjané rasané risi, níng suwé-suwé sindhirané kåncå-kancané ora dirasakké. Miturút Parjó ngojèk kuwi pêkêrjaan halal lan ora ngrugèkaké liyan.
"Pak guru ki ora nguman umani, rêjêki kanggo kancané síng ora duwé gawéan yó... mèlu diarah, lawóng wís digaji gêdhé...préi dibayar. Lha kók sêmpat-sêmpaté ngojèk. Åpå ora isín nèk kêtêmu muríd-muríd nèng ndalan?" sindhirané kåncå-kåncå pêngojèk karo guyónan.
"Ora orané..., rêzêki sing ngatúr Gústi Allah..., rêzêki ora mungkín klèru!" sémauré Parjó sak kêcêkêlé.
"Wah nèk ngono kuwi kétók guruné..." suarané kåncå-kancané barêng karo pådhå ngguyu barêng.
"Pak Guru tangi! Ayo aku têrké mulíh.... Ngalamún waé!" Sartónó pagawé pabrík tèkstil ing kutha nggugah lamunané Parjó.
"Éh.... iyå... iyå..., lho kók yah méné wís mulíh, Sar?" Parjó gêragapan karo nggolèki srandhalé.
"Anu Pak guru.... Mau ora dha mlêbu nyang pabrík. Níng dha nyang kabupatèn. Dhémo nuntút kênaikan gaji," suarané Sartónó katón sêmangat têrús mlumpat nyang sadhêl.
"Mêngko nèk síng dhémo malah dipêcat anakmu tók pakani åpå?"
"Êhmmm...." Sartónó ora biså njawab.

PANUTUP

Dudutan
Wacan narai inggih menika wacan kang mbudidaya nyeritakake prastawa utawa kadadeyan kaya – kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan kang nyeritaaken kanthi cetha rerangkaning tumindak ing sajroning prastawa kang winates ing sajroning wektu. Wacana narasi iku adate mentingaken urutan lan biasane ana tokoh ing sajroning cerita.

Pamrayogi
Percakapan ing novel – novel kedah wonten narasi lan pacelathonipun supados mboten mbosenaken pembacanipun..antaraning narasi kalian pacelathon kedah berkesinambungan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar